Tuesday 25 November 2014

Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Peyek Yutuk


Kembali lagi kali ini saya akan membagikan artikel bahasa jawa. Artikel bhs jawa ini berjudul Peyek Yutuk. Bagi sobat yang mencari artikel bahasa jawa silakan baca Kumpulan Artikel Bahasa Jawa



 Contoh Artikel Bahasa Jawa

Peyek Yutuk

contoh artikel bahasa jawa tentang peyek yutuk

Yutuk utawa sering uga diarani undur-undur segara. Kewan kiye angger sing lembut cokan nggo umpan mancing. Ning angger sing wis sejempol-jempol cokan deolah nggo sing mancing, contone nggo gawe peyek yutuk. Peyek yutuk gampang pisan degolet nang sedawane pantai mbang wetan Cilacap. Nang Pante Widarapayung ya akeh pisan. Saben warung mesthi nyandhing. Peyek yutuk enake depangan bareng pecel utawa lotek nyambi nyawang banyu segara. Angger arep karo kupat ya enak.

Bumbu lan bahan sing nggo gawe peyek yutuk ya padha bae karo gawe peyek liyane. Bawang, ketumbar, uyah karo kencur. “Aku jan-jane angger bar mangan peyek yutuk madan mumet, tapi wong enak ya tek pangan bae. Sing penting aja kakehen,” Ujare Nanung, wong Purakerta sing lagi plesir nang Widarapayung.

Bakul-bakul bisa nggolet yutuk dhewek nang pinggiran segara. Ning sing akeh ya padha tuku yutuk njuran degawe peyek. Rega yutuk urip sekilone Rp. 15 ewu. Rata-rata peyek siji ana yutuke lima. Ning ana uga sing degawe kerep, nganti 8 utawa 10 blindhi.
Carane gawe peyek, yutuk degodhog dhisit njuran dekisatna. Angger wis adhem nembe degoreng karo jer-jeran glepung sing wis debumboni. “Pokoke padha karo gawe peyek lah,” critane Mbok Slamet sing dodolan peyek yutuk, pecel, tahu, mendhowan, kupat lan panganan liyane.

Rega peyek yutuk mung sewu lima ngatus. Angger tukune madan akeh ya malah cokan deimbuhi, jere nggo seduluran karo sing tuku. Angger sing yutuke madan kerep ya rong ewu. “Ya, alhamdulillah. Wingi bar bada akeh pisan sing padha plesir. Dadi peyek yutuke payu akeh,” Mbok Slamet crita karo mesam-mesem.

Jere kabar nang internet, yutuk utawa undur-undur segara kiye uga duwe kasiat. Ana penelitian sing nidhoki lamon yutuk kuwe ngandhung lemak total sing cukup dhuwur antara 17,22 nganti 22,56 presen. Kandhungan asam emak omega3 total (EPA lan DHA) uga dhuwur, anara 7,75 nganti 14,48 presen debandhing karo kewan sing cangkange atos kaya yuyu utawane urang.

Nah, angger kandhungan EPAne kuwe 6,41 nganti 8,41 presen lewih dhuwur teninmbang DHAne sing mung 1,34 nganti 6,57 presen. Anane kandhungan asam emak omega3, yutuk jere monge bisa ngunggahna kadhar insulin sing fungsine bisa ngedhunaken kadhar gula kanggone penderita diabetes. Senajan yutuk ngandhung zat sing apik nggo kesehatan, ning gutul siki ahli gizi urung kompak nemtokna fungsine yutuk nggo kewarasan utawa obat.

Ucul sekang bab kesehatan, peyek yutuk pancen kena dearani panganan khas nang pesiri kidul, Cilacap mbang wetan. Dadi angger padha plesir maring Widarapayung utawa pantai seatan liyane, maran padha decicipi peyek yutuke sing gurih.(03) 
 
Disalin sekang majalah ancas

Komentar yang anda masukkan akan dimoderasi terlebih dahulu oleh admin. Komentar berbau promosi, akan dihapus.

EmoticonEmoticon